1 Apa kowe bisa ngetung lintang kang neng angkasa? Mangkono uga mring mendhung dalah sakehing mega? Kabeh iku nut pangrehe Pangeran kang nitahake, ora ana siji bae kang uwal king astane. 2 Apa kowe wruh cacahe lemud - lemud ing njaba? Apa kowe wruh wernane iwak jroning sagara? Kabeh iku saben dina deningoni Hyang Makwasa; ora ana siji bae kang kliwatan takere. 3 Apa kowe weruh bocah kang atresna mring Gusti? Saben dina mesthi tansah tumenga saos bekti. Marang bocah kang ngibadah saben dina muji Allah, Gusti mesthi datan kendhat amaringi sih-rahmat!
|
|