1 Tetiyang kang adigang mung nyebar panandhang. Wa teknya sami tegel, nindhes mring sanes tyang. Pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti. Nging tyang tresna satuhu, gesang yekti, nging tyang tresna satuhu, gesang yekti. 2 Tetiyang kang adigung mung nandur sangsara. Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha. Mesthi ngundhuh antaka, wit adiling Allah. Nging tyang kang lembah-manah sinung berkah (2x) 3 Tetiyang adiguna mung ndhedher cilaka, nganggep Allah tan ana, sabdanya mung nglaha. Mung panen karisakan, dukaning pangeran. Nging tyang ering mring Allah, kinasihan (2x) 4 Tyang kang ngendelken dhiri, mung ngundhuh bilai. Tansah ngumbar pikajeng, tan ngetang sesami. Gesang jroning pepeteng, pikolehnya pati. Karaharjan kang langgeng mung ing Gusti (2x)
|
|