1 Menawa dudu Yehuwah kang ayasa omah ira, mesthi tansah tanpa gawe pagaweaning tukange. 2 Menawa dudu Yehuwah kang ngreksa marang nagara, para kemit tanpa gawe nggone jaga gapurane. 3 Tanpa gawe tangi turu isih esuk umun - umun, nadyan jaga nganti bengi iku ya tan maedahi. 4 Tanpa gawe nggonmu mangan pametuning kasusahan, yen dudu Allah Makwasa kang karsa tulung mring sira.
|
|