1 Manah kula bingar lir pendah paksi, ingkang ngenggareng garneng epang ing wit. Tansah wira wiri, colat colote, sarwi ambadhungi ing pangidunge. 2 Swarane barungan laras sayektos, mawi asauran gantos - gumantos rame awurahan mabur - mabure, lan embyak - embyakan ing kekejere. 3 Apik busanane kathah pasrene, manca warna lare radin klimise. Resik mulus tansah, langkung tlatose, nggone abebingah ing padusane. 4 Allah kang ngrimati pra peksi samya, inggih anopeni mring jasad kula. Kula nggih bebingah sarwi ngrerepi, sakeca ing manah ngungkuli peksi.
|
|