1 Indonesia nagri endah, peparinging Yehuwah; mila kula dongakaken, mrih raharja wah tentrem 2 Allah yeku kang ngayomi bangsa dalah negari; ing sisah tanapi bingah, mung Pangeran sinembah 3 Kabegjan wah kaluberan mung krana sihing Gusti bebener lan kaadilan tansah kedah denudi 4 Bangsa nagri Indonesia mugi tansah lestari, Kalis sing salir bebaya, wit rineksa ing Gusti
|
|