1 Indonesia nagri adi, sestu kula tresnani; tanah wutahrah tanah pusaka, paring Allah Rama, wus tamtu tansah kula labuhi klayan eklas ing ati. 2 Indonesia nagri adi, gemah ripah loh jinawi, warni warni kewan, tetaneman, ulam langen lelumban, nedya kula jagi mrih lestari; niku paringing Gusti 3 Indonesia nagari adi, ewon pulo nyawiji, beda beda suku wah agama, ras lan golonganira. Tansah kula sesuwun mring Gusti, mrih bangsa wetah lestari.
|
|