1 Gusti badhe kula puji ingkang kanthi eklas ing manah, wonten ngajeng ing pra ageng ngungelaken pujining Allah. Kawula badhe asujud, ngucap sokur dhumateng Gusti; dene kadarman Paduka lan kasetyan tan ewah gingsir 2 Para rajanipun bumi badhe muji asma Paduka sasampuning sami nampi pangandika lesaning Gusti Sami memuji lan matur sagung sokur dhumateng Allah; sami ngidungken pangrehnya, wit tetela kaluhurannya. 3 Allah mesthi ngrampungaken samukawis tumrap kawula. Kawula kapitulungan ing astanya Ingkang Kawasa. Dhuh Gusti, berkah Paduka ing kawlasan, langgeng slamanya. Gusti mboten badhe nilar mring pakaryan slami - laminya.
|
|