1 Atusan taun sabangsa jinajah, nging samangkya bebas wus mardika; sestu mung krana sih rahmating Allah, karana perjuangan aning tyang sabangsa. Agung sih ing Allah Hyang Maluhur; swasi kinen tansah saos sokur, kanthi giyak tumemen makarya, mrih raharja lair wah batos kita. 2 Nagri kita Republik Indonesia tetalesnya yeku Pancasila; tangsul kekah pangiket tyang sabangsa. Mugi Gusti mberkahi mrih lestarinya.
|
|