1 Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman? wonten pundi Sang Jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan? Kang kapireng swaraning puji ngumandhang aneng pamujan, mung Sang Kristus yeku sumbering katentreman wah kaswargan. 2 Dhateng pundi puruging tiyang ingkang kawratan ing dosa, tyang prihatos wah tyang kesrakat tinampen klayan legawa? 3 Dhateng pundi tangis linipur amrih manggih kaayeman? Ing pundi korining pitobat, dimen manggiha kaswargan?
|
|