1 Tetalesnya sawiji, peparang sejati, nggih Gusti Yesus Kristus, kang dadya marginya adeging salir Greja ing tengahing donya, mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad 2 Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti, mrih sami tetunggilan wah dados paseksi; lelados mring sesami, tresnannya tan kendhat, dadya sareming bumi wah padhanging jagad 3 Nadyan beda wujudnya, yektine sajuga, tunggal baptis lan Gusti pindha badan siji, tunggila kang sinedya myang sagung panjangka, mrih kebabar yen Yesus Sang Jurubasuki
|
|