1 Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti, kang mberkahi grejanya, temah tansah begja. Injil kraton ing Allah ingundhangken sumrambah. Asmane kamulyakna dening sagung bangsa. 2 Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran dalah pisungsung katur tandha saos sokur wit pangrehnya nyata dhateng umat kang setya. Asmane kamulyakna kanthi trus ing driya. 3 Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung, kang maring pasamuwan tansah sung pitulung. Nadyan panggodha nempah, greja panggah tan dhawah Asmane kamulyakna salami - laminya.
|
|