1 Santosaning tetunggalan wit saka katresnan. Densabar ing ati nira, sareh ing wicara. Dipadha lan di lumadi, tan ngegungken dhiri. Kabeh iku kang ingangkah tandha sih mring Allah. 2 Atut-rukun angesuhi, timbalan lestari Yeku badan lan roh kita manunggal sajuga. Kadya pangesthi sawiji kang kita darbeni; yeku sih-rahmate Allah kang luber ing berkah. 3 Tunggal baptis, tunggal Gusti, wah tunggal pracaya, tunggal sedya miwah kapti, yeku timbalannya. Kabeh pikantuk nugraha sih-rahmat kang adi. Gedhe-cilik pinta-pinta samirmaning Gusti.
|
|