1 Samangkya kita mardika, rinuwat saking dosa, ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami. Karaharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang, karana Sang Kristus Gusti, kula sinung basuki 2 Mangkya kita titah anyar tan winengku kadonyan. Kanthi setya sarwi bingar lelados mring Pangeran. 3 Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah. Mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka. 4 Mangkya kita tyang pracaya kang tansah ndherek Gusti. Injil suci winartosna srana katresnan yekti.
|
|