1 Rahayu wong wedi asih mring Yehuwah Allah e, ka seng sem mring pepakone. Turun e wong kang jujur kanggep ana ing tanah, wis mesthi oleh berkah 2 Omahe wong kang pracaya kanggonan kaluberan, jujuring atine tulus tumekeng kalanggengan. Samangsa kepetengan, mesthi oleh pepadhang 3 Angger wong dhemen aweweh, tan sepi ing ganjaran. Wong kang loma datan rubuh ngarsane pangadilan. Wong mursid lan welasan slamanya ingelingan. 4 Atine salir wong mursid tan kuwatir, tan keguh, panglipure aneng Allah, ngunggul sakehing mungsuh, lan jujuring atine tulus ing salawase.
|
|