1 Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti, dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta. Sih rahmating Allah tumrah maring sagunging tumitah. Saliring tyang kang pracaya, basuki gesang ira. 2 Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira. Pasamuwan kang manunggal, ambabarken gesang kang enggal, samidene mbiyantoni, wit sih sinihan lestari, tunggal ati, tunggal Gusti, nengsemken mring sesami. 3 Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya, mrih kamulyaning Pangeran; wah majenging pasamuwan. Sinangkul kang karepotan, nyingkir mring pasulayan mrih tuwuhing kamursidan, nggayuh mring kasampurnan. 4 Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang; mbelani tyang kang sangsara, nadyan beda ing pracaya, krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.
|
|