1 Papan pangibadah saestu ngangeni kawula sami ngabekti, ngraosken nunggil lan Gusti, ngluhurken asmanya, mirengken sabdanya. Mareka, marek a kanthi manah tulus memuji, nampi berkahing Gusti, mrih saged mbabarken tresna 2 Papan pangibadah, papan ingkang adi; mangga nggumolongken manah, nyuwun manteping pracaya, mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti 3 Sing papan punika kababara yekti, pratandha Kratoning Allah sumrambah mring tiyang kathah, temah tyang sajagad nembah Kang Murbeng Rat
|
|