1 Ing paprentahaning Allah, sadaya nengsemken, Para titah samya rukun, nilar pasulayan; Sumangga, gumregut makarya kagem Gusti dados cihna, mrih tentrem rahayu sejati binabar aneng donya. 2 Sami dene angantosi migatosaken liyan supeket ing pasrawungan bekti mring Pangeran. 3 Kadya singa lan menjangan sami gegojegan, mantun dennya memengsahan, mlegung sesarengan. 4 Sami memitran saestu, tresnanya satuhu, wit pangrehing Hyang Makwasa makarya lumintu. 5 Makaten kaanan donya yen kebekan sihnya, tan ana sedya miala lan panggawe cidra. 6 Kadya dhasaring damodra sinasaban toya, wit karoban kawruh yekti tepang Hyang Makwasa.
|
|