1 Ulukna pamuji kanthi trusing ati, he titah, mring Gusti Allah kang setya lan maha mirah; wit sira rinoban berkah. 2 Saosa panuwun kanthi masmur kidung hé sira, wong kang pracaya mring Allah sumbering berkah; wit sira sinung raharja. 3 Aturna panggunggung dalasan pisungsung mring Allah, hé para umat, kang setya paring sih-rahmat, tan ngétang dosaning jagad. 4 Angunjukna sokur, rukun mring sedulur. hé sagunging pasamuwan; wit rinoban ing kabegjan sadhéngah wayah lan papan.
|
|