1 Iba dennya mbingah aken, yen ing sajagad wrata, kaadilan den agungken, binabar aneng donya. Srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus. Sagung tumitah rinimat, rinoban ing sih rahmat. 2 Iba dennya nengsemaken, yen manungsa sabumi marsudi tentrem - rahajeng, mbabarken sihing Gusti. 3 Iba dahat endahira, pra titah tetunggilan, tunggil sedya sekapraya, rumaket trus ing driya. 4 Mila kula datang wigih, gya gumregut makarya, tumandang sepi ing pamrih, mung ayuning bawana,
|
|