1 Dahat nyawaku arem rem, lan atiku ayem tentrem, wit Kang Ma kwasa karsa dadi etuking karaharjanku, Pamomong ku setya tuhu, wah bebateng lang panggungsenku. Aku mesthi datan rebah, wit rineksa dening Allah. 2 Dhuh nyawaku sinaosna, reremira ing wardaya mring Allah kan dakanti-ati. Dene Yehuwah Pangeran kang dadi parang santosa, pangauban lamun siniya; aku mesthi tan gumiwang, wit Allah kang mengku gesang. 3 Allah Maluhur kang dadi tuking berkahing pra abdi, peparangku kang asantosa. He, bangsaku mumandela mring Allah ing salamanya, sarasaning driya saosna mring Allah Kang Mahasetya, kang dadi pangungsen kita.
|
|