1 Ana prau layar margi raharja, Gusti kang dadi Juru mudhi nira; sapa kang arep uwal king cintaka, nungganga ing prau ne mesthi waluya. Nungganga kanca! mara nungganga! Aja wedi ing ombak wah prahara; de prau ne Gusti mesthi datan kentir, mesthi slamet lakune. Mula ja kwatir. 2 Tan ana pangunsen liyane Gusti, kang wus ananggel karaharjan kula. Tan ana maneh prau kang santosa, wah kang bakuh nadyan tinempuh prahara. 3 Lah dharate wus katon neng kadohan. mung pira antaranya, nuli tekan. Mula ja was atimu nging giranga, mesthi tan kapiran angger wong pracaya. 4 Aku ya wus nunggang praune Gusti, mulane ayem lan enggar ing ati; angine ribut myang ombake agung, mulane tan kwatir malah kudu ngidung.
|
|