1 Aja sumelang bab uripmu, ywa uwas ing kalbu Yèn pepeteng nglimputi ati, ngayoma mring Gusti. Allah yèku Rama, ngreksa sira salaminya. Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja. 2 Lamun tininggal sanak - kadang, ywa semplah ing driya. Yèn kamuktèn, kamulyan ilang, mantepa pracaya. 3 Lamun ngalami kacingkrangan, tatag diprayitna. Yèn tansah rinidhu panandhang, teguh dènwaspada.
|
|