1 Tyang kekalih jawat asta tandha manah sajuga, sinartan janji satuhu, tresna tinresnan saestu; salaminya setya tansah, jroning bingah dalah sisah, netepi ing kuwajiban, mrih utami ing bebrayan. 2 Janji tamtu dentetepi, wit Gusti wus ngidini; kinekahken, binerkahan, sineksenan pasamuwan, nedya tansah gesang suci srana mbangun - turut Gusti, temahan brayat raharja, gesangnya dadya tuladha. 3 Kalpika kencana adi, tengering janji suci pinasang ing driji manis, sinartanan tembung aris "Kalpika tandhaning tresna, kang langgeng ing salamanya, sira iku sisihanku, telenging sih mung sliramu.
|
|