1 Tetangsuling dhaup suci suh awet sahamanis nunggilken manah kekalih, temah saekakapti. Sesami rukun atut rutut wah tresna ira salulut, sami mukti saestu. 2 Dhuh Allah purbaning tresna, atur panyuwun kula. mugi parenga ing karsa Paduka paring idi sarta malih anjangkungi sadherek kula puniki panganten jaler - estri. 3 Mugi nggennya palakrama kalulusna Paduka, ginanjar berkah mulya, nggih berkhaing katresnan enthenga bot-repotira, tebiha bencananira tiyang gesang neng donya.
|
|