1 Rahayua salamanya panganten kang mangkya binerkahan; apra janji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti. Saosa sokur saben wektu, kanthi sawutuhing uripmu; ngabektia, leladia, dadia seksining sihrahmatnya. 2 Rahayua salamanya panganten kang tinunggil Pangeran; kanthi tekad lan semangat, lumadi, lumadi mring karsane Sang Rama 3 Rahayua salamanya panganten kan rukun sih-sinihan; jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami.
|
|