1 Punika brayat kula, brayat tentrem kang ngangeni. Sinten dados tanggelan? namung Pangeran pribadi. Saiba prayoginya, lamun Gusti kang rumeksa, temah tanpa rubeda, sagotrah manggih raharja. 2 Saiba endahira, tyang-sepuh dadya tuladha, sagunging para putra sami nulad pakartinya. 3 Nalika nandhang sisah, kula sadaya ndedunga; kala ngraosken bingah, saos sokur kang sumengka. 4 Sagriya angudia dadya brayat kang rumantya, ngantos dados panutan tumraping brayat sembada.
|
|