1 Swawi sami muji Allah, Pangeran, Mahawlas. Kang tansah ngluberken berkah, Pangeran Maha wlas. Rinten dalu datan kendhat. tansah njangkung mring pra umat. Swawi muji Kang Murbengrat, Pangeran Mahawlas 2 Tan males dosa duraka, Pangéran Mahawlas. Nging ngegungken sih-apura, Pangéran Mahawlas. Ngantos kang Putra kinasih kinurbanaken sinalib. Swawi muji kanthi bingah, Pangéran Mahawlas. 3 Swawi olah tresna tansah, Pangéran Mahawlas. Pratandha sokur mring Allah, Pangéran Mahawlas. Swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci, nulad ing tindaking Gusti, Pangéran Mahawlas.
|
|