1 Kadya Adam lan Hawa kang dedunung neng Pirdus, ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus. Tresna nya murni, gesang nya suci, ) rukun setya wah lestari, tansah tinunggil Gusti ) (2x) 2 Tiyang kang sesemahan kang dadya putreng Allah, ngudi ing kamursidan, asih mring sagung titah Jujur ing lampah wah lembah - manah, ) arum jroning pirembagan, kekah dennya bebrayan ) (2x) 3 Tiyang kang sesemahan kang bekti mring Pangeran, bingah nggunggung Hyang Widi, sisah ngaub mring Gusti. Darma - bektinya landhesan sabda, ) dadya lantaraning berkah ing bebrayan akathah. ) (2x)
|
|