1 Brayat kang tentrem gesangnya, sumarah mring Pangeran; santosa wah tetep panggah sajroning karibedan. Dhuh Gusti, mugi Paduka paringa sih wilasa, darapon kula kuwagang mudhi dhawuh Paduka. 2 Nadyan jagad peteng ndhedhet, wah sepi ing katresnan, nanging Gusti dadya dilah, tansah sung pitulungan 3 Nadyan ardi gung selanya, lembah peteng marginya, Gusti tansah karsa nuntun, amrih leres lampahnya.
|
|