1 Punapa kanthi saestu nggen kula sami ngakeni gesang ingkang kebak dosa, sinanggi ing siyang ratri, wit saking ringkih ing jalma, tan saged dipun endhani. 2 Punapa klayan tyas tulus ngakeni Gusti pribadi nggenipun sangsara seda, wit nebus disaning jalmi. Saiba nggen kula begja, mila mangga den sowani. 3 Punapa kanthi satuhu nggen kula masrahken dhiri, mrih lampahing gesang kula manut sakarsaning Gusti kang nuntun mring karaharjan, wit tresnanya lair-batin. 4 Punapa klayan saestu anggen kula ndherek Gusti; saos sokur tanpa kendhat, krana Gusti tansah nganthi, ingangkah wilujeng kula, wah tentreming tyang sabumi.
|
|