1 Pangeran Kang Mawilasa, Paduka aparing sih. Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama. Tansah amaringi sih piwlas Kang Mahaluwih. 2 Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca. iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah; duk masrahaken Kang Putra amrih kraharjan kula. 3 Roti kang cinuwil - cuwil sarta sami dentedha, yeku salirane Gusti, samana pinaringaken maedahi pra skabat miwah tiyang sajagad. 4 Tuwung kang sami denombe ibarat rahé Gusti, rahing prajanji anyar, samana winutahaken dados lantaranira pangapuntening dosa.
|
|