1 Nyawaku, sira nyaosna puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci. Sabatinku ngluhurna asmane. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna! Aja lali mring gunging kadarmannya. Eling ana sawiji wijine. 2 Pujinen kang ngapura dosamu kang marasaken sagung lelaranira nebus uripmu saking antakam kang ngerobi sira lan kawlasan, kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomke kakuwatanira. 3 Sepira langit angungkuli bumi, samono dunging sihe Kang Masuci mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohe kulon saka wetan, ya samono sihe Kang Mawikan ngedohke dosa lan kaluputan. 4 Kadya tresnane bapa mring anaknya, mangkono Allah dennya sih - mirma mring wong kang nyaosi pangabekti. De mirsa dumadiku saka apa, sarta datan supe ing salaminya, yen mung lebu kaananku iki.
|
|