1 Swawi prasuci nyawiji tunggal ati, sami ngabekti memuji mring Gusti. Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran ginantos kabegjan sihing Pangeran 2 Tansah ngidunga anggunggung Kang Murbengrat, ngetang mukjijat lan gunging sih-rahmat. Lubering berkah sing swargi tansah tumrah, nyantosakken manah, nyirnakken semplah. 3 Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama, miwah rumantya nglawan mring panggodha. Amrih saliring tyang kang samya nyipati, dadya kepranan sami ndherek Gusti.
|
|