1 Lamun sira ing bebaya, aywa mangum tataga! Tatag tanggon tan suwala, Gusti Allah datan tega; mesthi paring kuwawa mbengkas godha rencana. 2 Lamun bebaya ndrebala, adoh sih pitulungan; tindak culika anyerang aywa geter kalimpungan, aywa gawe sumelang; eling Gusti, prayogi. 3 Duk ginubet kasusahan, aywa miris lan kwatir! Nyuwun Gusti pitullllungan, duk sedhih metek anindhih, Lah, iku kapasrahna mring Gusti Mawilasa! 4 Aku pracaya Sang Sabda, datan cidra ing janji, ugi datan damel cuwa mring kang purun anyelaki. Sabdanya iku ya amin; hayu kang manut denpimpin.
|
|