1 Kula sami sesarengan kembul bujana suci, yeku pratandhaning kurban, nggih kurbanipun Gusti. Roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya. 2 Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti, ingkang denagem sarana ngrimat pitados kula; temahan saged ngraosken tentrem-rahayu langgeng. 3 Kang nyawiyah bujananya tan pantes pisowannya, kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira, kalayan manteb ing manah ajrih-asih mring Allah. 4 Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti, dennya anglampahi seda dados Panebus kula. Samangke kula nekseni, dimen jagad ngugemi.
|
|