1 Kula nika tiyang dosa lan sami tinimbalan. Dening Gusti Kang Masuci, mrih sami tetunggilan. 2 Kang nimbali wus nyawisi bujana ingkang suci, ingkang suka, manah rena; mila gung kula puji. 3 Allah nrima dhateng kula punika panjerira anggur roti kang denbukti minangka kang sarira. 4 Tiyang dosa lan duraka kang sami tinedhanan, angger tampi wlase Gusti, samyangsang kanugrahan. 5 Gusti mulya, Kang Wilasa, kang nampi tiyang dosa, manah kula sinucekna lan angsala santosa.
|
|