1 Kawula kaparengna sowan wonten ing pakempalan, sanadya kawula mboten pantes tampi sihpiwlas Paduka. Awit krana kurban Paduka, kawula sinucekken, supados kawula kaanggep pantes ndherek kembul bujana. Pisowan kula kaparengna. Roti anggur puniki sesarengan tetagesang kang kula lampahi, damel rena Paduka. Lambang srira wahrah Paduka ingkang kawula tampi, dados srana kawula gesang langgeng nunggil Paduka ing Kraton Swarga.
|
|