1 Iba kasaenaning Gusti, andhawahaken bujana mring para abdine; kasuprih mentepipun pracaya, punapa malih rukun ira, de pitungkasing Pangeran dhateng para sakabatipun kinen sami sihsinihan 2 Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana; supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya saha indhaking tresna kula mring pra sadherek sadaya. 3 Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula; saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi; aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti. 4 Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka, mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula? Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti mila sawarnining piawon sageda kula singkiri?
|
|