1 Dhuh Allah Kang Mawilasa, Paduka aparingsih Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama; tansah amaringi sih piwlas kang mahaluwih. (2x) 2 Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca, iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah, duk masrahken Kang Putra, amrih kraharjan kula 3 Roti kang cinuwil-cuwil sarta sami dentedha, yeku salirane Gusti. Semana pinaringaken, maedahi pra sakabat, miwah tiyang sajagad 4 Gusti ingkang maringaken sliranipun piyangga, sestu dipun tombokaken nggenipun angentasaken para wumat sadaya ingkang sami pracaya. 5 Tuwung kang sami denombe, ibarat rahe Gusti; rahing prajanjian-anyar, samana winutahaken dados lantaranira pangapuntening dosa.
|
|