1 Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, roti gesang ingkang Paduka paringaken, rejeki saking swarga, sumbering gesang langgeng Kawula aturpanuwun, wit tetedhan punika; mugi kula kasagedna dados seksi Paduka. 2 Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, dados srana panunggil kita para jiarah kalayan para suci kang mulya aneng swarga. 3 Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, sumber gesang greja Paduka kang makarya, ngundhangaken katresnan dhateng salir manungsa.
|
|