1 Rama mugi angluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan. Para lare anak kawula sowan, anampeni prasetyaning Allah. 2 Pasamuwan kadadosna suci wonten asmanipun Rama ing Swargi. Para lare dadosa tyang piniji, nggih pinaringan gesang sejati. 3 Sang Roh Suci wah sabda Paduka mugi nuntun tyang mantep ing pracaya; wit dosanya wus linebur, binirat. Gesangnya amung krana sih-rahmat. 4 Para lare kang nembe kabaptis namanipun ingkang sampun tinamtu, kanthi terang ing Kitab tinulis, katuntuna murih gesang rahayu.
|
|