1 Swawi pra kadang, disamya agirang Disora-sora angalembana mring Gusti kita Kang Mahawilasa. 2 Sihé Pangéran mring kita pra umat tanpa wilangan wah tanpa kendhat. Yogya pinuji lan pinundhi-pundhi. 3 Kita tyang dosa, nging Allah ngaksama, krana Kang Putra sinalib séda. Mara resepna kanthi trusing driya! 4 Sihé Pangéran yogya dèn timbangi srana kasetyan, tresna, wah bekti. Srahna tyasira konjuk maring Gusti! 5 Swawi pra suci temen anglampahi préntahing Gusti. Gusti prajanji tansah nulungi srana Sang Roh Suci.
|
|