1 Kabingahaning manah yekti tan wonten kang nglangkungi. De kadang kang kulakasihi nampeni baptis suci. Dhuh Gusti, mugi tansah mberkahana, mrih mbabarna pracaya, nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada. 2 Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya. De anak kang kula tresnani nampeni baptis suci 3 Kabegjan kang kula tampeni tan saged denlironi. De nadyan kula tyang kang dosa, nging wus baptis samangkya.
|
|