1 Gusti kula Mahatresna, Juru Pangen utami; kanthi setya pangreksanya, mrih gesang kula suci. 2 Manah sisah dados bingah, wit Gusti kang mberkhai. Nadyan rempu miwah semplah, nggih Gusti kang ngrimati. 3 Wit Paduka Pangen setya, Putreng Allah satuhu; paring sabda manohara, mrih tyang gesang rahayu. 4 Gusti kula Pangen mulya puruging gung pasambat. Kula pasrah mring Paduka, kaluber ing sih-rahmat. 5 Mugi kula kauwalna saking lampah dursila; katuntuna manah kula dhateng kamulyan swarga.
|
|