1 Wit Sang Roh Suci, kula sagedna, martosken Injil adi Kraton Swarga. Wit Sang Roh Suci, kula sinung daya, nekseni Yesus Gusti, Sang Pamarta. 2 Wit Sang Roh Suci, kula wicaksana, wijang nerangaken sabda karseng Allah. Wit Sang Roh Suci, kawula sembada, Nglampahi gesang tansah lembah-manah. 3 Wit Sang Roh Suci, kula datan semplah; nadyan manggih rubeda tansah panggah. Wit Sang Roh Suci, kula tan suwala, jroning kinaniyaya, tetep setya.
|
|