1 Sumangga pra kanca ngulukken kidung puja, wit palimirmanya sinungken mring manungsa. Dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati, ngenggalaken budi, nutun gesang suci 2 Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung, kang paring Roh Suci angenggalaken budi, nuntun ula-tresna mring sagung sesami, mbabarken kraharjan, nyirik kekerasan. 3 Muji tan kendhat wah ngundhangken sih-rahmat, Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya, mrih tan badhe semplah, nging sengkud makarya, mrih Kratoning Allah binabarna wrata.
|
|