1 Sang Roh Suci rohing agesang mugi nyagedna pasamuwan, mbabar adil lan bebener nyata, wah bebrayan tentrem raharja. 2 Sang Roh Suci, rohing pepadhang saestu nuntun pasamuwan, tansah martosaken Injil Suci, ngluberken berka mring sesami. 3 Sang Roh Suci, rohing kanyatan, mugi nggigaha pasamuwan, klayan tulus masrahaken dhiri, mrih pulihing Pirdus ing bumi.
|
|