1 Sang Roh Suci mugi pareng anedhaki tyas kula, dimen a tentrem rahayu, kapenuhan ing tresna. Dhuh Gusti kang setya, Paduka kulandelaken; mugi pareng nedhakaken Roh Suci ing tyas kula. Gusti, mugi nucekaken tyas kula. 2 Sumangga cahya Paduka amadhangna tyas kula, mugi pepetenging dosa binirata sadaya. 3 Mugi ngirid lampah kula manut pangreh Paduka. Paduka kula bekteni ngantos dugeng wekasan. 4 Kula mugi sinungana kaunggulaning yuda, dimen tentrem - arahayu nggen kula pecat nyawa.
|
|