1 Roh Suci Roh Sejati, mugi rawuh ing ati Ngenggalna manah kula, mrih ing lampah prayoga, setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami. wit panuntun Paduka, gesang kula sembada. 2 Dhuh Roh Suci, Roh Allah, anyantosakna manah. Lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah. Manggul salibing Gusti, martosken Injil Suci. Wit panuntun Paduka, gesang kula sembada. 3 Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus; andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang, temah tentrem-raharja, sumrambah mring sesama. Wit panuntun Paduka, kula gesang sembada.
|
|