1 Roh Suci asung daya ngasorken panggodha, manah semplahwit sisah, sestu dados bingah; tyang rinoban pepeteng, sinung padhang langgeng, mila ayem ing driya, tentrem nula. Wit kwasaning Roh Suci, gesang sejati, tansah begja, kalis sing rehing pati. 2 Roh Suci asung kwasa ngasoraken dosa. Tyang mursal sarta mblunthah, mratobat mring Allah. Gesang mursid sayekti, nresnani sesami, sarta remen leladi trusing ati.
|
|